MUTIARA ILMU: 7 Makam Wali di Wonosobo yang Menuai Kontroversi

Kamis, 17 April 2025

7 Makam Wali di Wonosobo yang Menuai Kontroversi

Asmo" ingkang ikang lenggah Sumare ing Makam" kasebat sa' jatosipun mboten wonten ingkang saking Yaman nopo malih bin yahya . kados dene Sayid Khanafi Pagude Asmo leres tapi sanes bin yahya , selajenge Mbah Walik inggih mboten berasal saking Yaman ugi sanes bin yahya ,  lajeng Sayid Hasyim sa'keluargi  ketinggring asmo leres nanging menurut keterangan Masyarakat setempat mboten wonten marga idrus/ba'bud nopo Malih bin yahya . Selajenge Mbah Kyai Tumenggung Kolo dete ingkang Palenggahan ing Puncak Gunung Kendil lan Batu Ratapan Dieng , Syeh Abdulloh Selomanik Kalilembu , Mbah Kyai Karim , Mbah KH Muntaha Dero Duwur sedoyo sa' jatosipun mboten wonten ingkang bin yahya . namung di antawisipun Asmo" kasebat wonten ingkang dados korban dipun bin yahyaaken .
ingkang dados kurban dipun bin yahyaaken inggih puniko Sayid Khanafi Pagude . asal usul di bin yahyakan naliko awal pinanggih inggih puniko ; naliko warga masyarakat sawek nduduk makam kagem nyareaken warga ingkang meninggal ndilalah ingkang dipun duduk kaleres ing lebet wonten jenazah ingkang tasih wutuh lan masyarakat mboten wonten ingkang mangertos asal lan Asmonipun , lajeng dipun istikhorohi/di tirakati lan tukul asmo kasebat ......
selajengipun saking kersane warga dipun sowanaken wonten habib lutfi Pekalongan mungkin kersane mantep sebab wekdal semanten habib lutfi tasih di anggep dados rujukan leres mbotenipun kagem hal pemakaman , sekaligus mungkin mengharap nderek pikantuk terkenal/gendera ombo , lajeng asmo kasebat di bin yahyakan deneng Pekalongan . 
kesimpulan ; Asmo leres nanging sanes saking yaman ugi sanes bin yahya , Panjenenganipun sebagian Ulama berasal saking tanah arab utusan usmaniyah ing zamanipun .
kalebet ugi dados kurban di asal usulkan saking Yaman lan di bin yahyakan inggih puniko Mbah Kyai Walik  Kauman wingking Masjid Al mansur .
asal usul di anggep saking Yaman lan di bin yahyakan inggih puniko ; awal" lipun ing mriko kaserat Petilasan Pekaringan Mbah Kyai Walik . nanging ing setunggal wekdal wonten salah setunggal Piyantun  Gus ....( pangapunten mboten kulo sebat Asmonipun ) matur dumateng habib umar muthohar Semarang ugi habib lutfi supados ninda'i ing lokasi petilasan Pekaringan Mbah Kyai Walik , sa'sampunipun dipun tinda'i nikulah ingkang dados asal mulanipun lajeng di tulis berasal saking Yaman soho di bin yahyakan . ingkang sejatidipun Mbah Walik puniko Ulama' utusan saking Mataram Islam ing zaman Ki Ageng Wonosobo/Zaman Walisongo Demak bintoro lan Panjenenganipun salah setunggal Gurunipun R Dukuh ( Kyai Ageng Wonosobo Plobangan ) kapurih nyebaraken Agomo Islam ugi noto ruwang , sebab Panjenenganipun Ahli tata ruwang . R Dukuh ( Kyai Ageng Wonosobo puniko murid ipun Kanjeng Sunan Kalijogo lan Kanjeng Sunan Gunung Jati ...lan sejatine Mbah Walik inggih puniko
Kanjeng Sunan Kalijogo ingkang wekdal semanten mboten wonten ingkang mangertos Asmonipun sahinggo sami nyeluk Mbah Wali ingkang dangu" sebab ilat jowo dados manjing Asmo Mbah Walik . lan di antawisipun Walisongo ingkang Ahli ing tata ruwang inggih puniko Kanjeng Sunan Kalijogo.
Kesimpulan Asmo" Kasebat mboten wonten ingkang bin yahya .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar