MUTIARA ILMU: Dongo Nyuwun Perlindungan Saking 5 Perkara Ingkang Nggegirisi

Sabtu, 21 November 2026

Dongo Nyuwun Perlindungan Saking 5 Perkara Ingkang Nggegirisi

*Salah Setunggal Saking Dongane Nabi Muhammad ﷺ - Dongo Nyuwun Perlindungan Saking 5 Perkara Ingkang Nggegirisi.*


> *مِنْ دُعَاءِ النَّبِيِّ ﷺ:*
>
> *«اللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ مِنْ جَارِ السُّوءِ،*
> *وَمِنْ زَوْجٍ تُشَيِّبُنِي قَبْلَ الْمَشِيبِ،*
> *وَمِنْ وَلَدٍ يَكُونُ عَلَيَّ رِبًا،*
> *وَمِنْ مَالٍ يَكُونُ عَلَيَّ عَذَابًا،*
> *وَمِنْ خَلِيلٍ مَاكِرٍ عَيْنُهُ تَرَانِي، وَقَلْبُهُ يَرْعَانِي؛*
> *إِنْ رَأَى حَسَنَةً دَفَنَهَا، وَإِذَا رَأَى سَيِّئَةً أَذَاعَهَا»*

Artosipun - Jowo:

*Saking Dongane Nabi ﷺ:*

> _Duh Allah, saktemene kulo nyuwun perlindungan dhateng Panjenengan:_
>
> *1. Saking tonggo ingkang elek (jarus su').*
>
> *2. Saking bojo (garwo) ingkang ndadekke kulo tuwo sakderenge wektu tuwo (saking katah pikiran lan susah).*
>
> *3. Saking anak ingkang dados beban (kaya utang riba) kangge kulo - dados momotan, dudu dados penolong.*
>
> *4. Saking bondo ingkang dados sikso kangge kulo - bondo ingkang ndadekke kulo lali Allah lan dados sumber sikso.*
>
> *5. Saking konco kenthel (khalil) ingkang tukang ngapusi, moto ne ningali kulo (ngawasi), nanging atine ngintai kulo (ngenteni eleke kulo).*
> _Yen deweke ningali kebagusan saking kulo, deweke ndhelikake (ora gelem ngakoni)._
> _Lan yen deweke ningali keelean saking kulo, deweke nyebar-nyebarke (ngumbar-umbar)._

Maknane - 5 Perkara Niki, :

*1. Jarus Su' - Tonggo Elek:* Tonggo ingkang tukang iri, tukang adu-adu, tukang ngintip elekke tonggone. Nabi mawon nyuwun perlindungan saking tonggo elek, amargi tonggo elek niku sikso saben dinten - saben metu omah ketemu wong ingkang nyusahke.

*2. Zaujun Tusyayyibuni - Bojo Ingkang Ndadekke Cepet Tuwo:* Dudu bojo ingkang tuwo umure, nanging bojo ingkang kelakuane ndadekke pasangane stres, katah pikiran, susah terus - nganti rambute putih sakderenge wektune. Bojo kudune ndadekke ayem, dudu ndadekke tuwo.

*3. Waladun Yakunu 'Alayya Riban - Anak Ingkang Dados Beban:* Anak ingkang kudune dadi penolong wong tuwo, malah dados beban - koyo utang riba ingkang terus nambah bebane. Nyuwun dhateng Allah supados anak dados sholih-sholihah, ingkang nulungi wong tuwo dunyo akhirat.

*4. Malun Yakunu 'Alayya 'Adzaban - Bondo Ingkang Dados Sikso:* Bondo niku kudune nikmat, nanging yen bondo saking dalan haram, utawi ndadekke sombong lan lali Allah - bondo niku malah dados sikso. Nyuwun bondo ingkang barokah, dudu bondo ingkang nyikso.

*5. Khalilun Makir - Konco Kenthel Ingkang Ngapusi:* Niki ingkang paling nggegirisi, . Koncone ketok akrab, nanging atine ngintai. Yen panjenengan apik, deweke ndhelikake - ora gelem ngalem, ora gelem ngakoni. Nanging yen panjenengan khilaf sitik mawon, langsung disebar-sebar. Niki ciri-ciri munafik ingkang nyamar dados konco.

*Pesenipun,:*

> _Dongo niki kedah dipun waca saben dinten - utaminipun sakwise Sholat. Amargi 5 perkara niki niku ujian ingkang paling abot: Tonggo, Bojo, Anak, Bondo, lan Konco. Yen 5 niki sae, urip niku suwargo dunyo. Yen 5 niki elek, urip niku neroko dunyo._



> _Dongo Nabi ﷺ - Nyuwun Perlindungan Saking 5 Perkara:_
> _1. Tonggo Elek_
> _2. Bojo Ingkang Ndadekke Cepet Tuwo_
> _3. Anak Ingkang Dados Beban_
> _4. Bondo Ingkang Dados Sikso_
> _5. Konco Kenthel Ingkang Tukang Ngapusi_
> _Yuk amalke saben dinten._
> _PPTQ Syamsul Falah - Banjar Sari - Kalisari - Natar - Lampung_

Tidak ada komentar:

Posting Komentar